Tuesday, July 16, 2013

Nikah di Jawa

First of all, ngapunten nggih, tulisan menika kula izin ngangge boso jowo. Tahunan urip teng Jekardah, kula kangen ngomong Jowo. Padahal yo turunan asli Jowo, lair teng Jowo, moso lali kaleh boso Jowo :) Nanging mboten terlalu merhatekno ngoko-kromonipun. Gaya boso jowone yo boso jowo timuran, soale kula asale saking Malang. Mugi-mugi panjenengan sedoyo kerso lan kuat mocone (iku yo lek wonten sing moco, hehe) :)

wis gede to, dadi yo gapopo ngomong nikah-nikahan. Opo maneh umur rong puluh ki topik ngenean kok yo ngetren beud. Dadi topike bengi iki (kulo nulis niki postingan jam setengah siji isuk) "Pernikahan ndek motone Muthia". Weits, wes koyo judul buku ae.

Biyen pas kulo panjenengan sek sekolah SMA, sek unyu-unyu polos, ngomong nikah yo suantai pol. Bayangane urip ambek wong sing mbok senengi, isuk-isuk tangi ndelok wajahe, masakno sarapan, salim ngeterake bojo nyambut gawe, solat bareng, lsp (iki semacam "dll" ing boso Jowo, kula nggih supe kepanjangane nopo). Obrolan soal nikah kuwi wis dadi bahan cekikikan sareng-sareng, bahan gojlok-gojlokan ("wiis cie cie awakmu meneh ambek dheweke ae kyakya"), pokoke gae guyonan thok. Tapi makin gede, tambah tuwek, nek ngomong nikah iku ga sekedar urip bareng-salim-solat bareng-masakno sarapan. Nikah iku soal tanggung jawab. Tanggung jawab antar ojob (boso Malange "bojo", wong Malang lak seneng molak-malik kata a :p), kaliyan anak, wong tuwo, morotuwo, lan paling penting, Gusti Allah.

Lek kulo panjenengan mirsani film-film Korea utawi film romantis liyane, koyoe urusan nikah niki kok gampang banget yo. Pokoke asal trisna, ngelamar, urip seneng sampe tuwek lan matek (boso JTV banget, "matek"). Padahal yo kenyataane ora iso koyo ngono. Nikah iku masalah ngedalani sisa urip sakmaksimal mungkin sareng-sareng, masalah nyempurnakno separo agomo, nggoleki ridhanipun Gusti Allah. Dadi yo sak patute nggolek ojob iku sing sakvisi, sak tujuan hidup. Lak repot a, ibarate nyupiri kapal wong loro, sing siji pingin ngulon, sing siji pingin ngidul. Yo ga tutuk tujuan, sing ono malah tukaran ndek tengah dalan, moro-moro kapale kelelep tur karam. Makane, nggolek ojob yo ga iso asal seneng.

Kadang kulo nggih mikir, kulo niki terlalu pilih-pilih. Pingine ojob iku sing sak sampurno-sampurnone menungso. Padahal nggih kulo niki sinten to, wong wedok biasa-biasa mawon. Pengen ojob sing ganteng, bertanggung jawab, sholeh, bahkan, sing sering nggarai ngguyu konco-konco, "sing nduwe kolam renang". Padahal perkoro ngganteng iku ora abadi. Sak ngganteng-nggantenge wong yo meneh nik wis tuwek yo ilang gantenge. Perkoro kolam renang, ya ampyun, jaman saiki sopo se sing sik enom tapi nduwe kolam renang? Kolam renang iku iso diusahakno sareng-sareng. Sing paling penting, ojob niku nggih sing saget ngilingno marang Gusti Allah, sing saget ngimami sholat ben tambah khusyu', pokoe intine sing saget mimpin teng suwargo. Awak dhewe wong wadon yo sampun kodrate nunut ojob. Yen ojobe sholeh, insya Allah yo katutan sholehah, trus nghasilaken keturunan sing shole-sholehan sisan, insya Allah saget ngeraih suwargo sareng-sareng. Nah yen ojobe mikirno dunyo thok, yo iso-iso katutan matre, neko-neko, pencitraan. Opo maneh jaman saiki, godaan ndunyo kuat banget. Ga usah heran saiki uakeh nyonya-nyonya bling-bling, arisan tutuk singapur, ojobe yo ga ngilingno, mbiyarno mawon. Lak gawat a. Iyo nek misale duit saking ojobe niku halal, lah nek hasil korupsian? Naudzubillah, nek jare Syahrini, amit-amit badai dah! Xp

Teorine se koyo ngonten nggih, tapi ndek prakteki kok susah nemen. Kulo niki sampun rong puluh taun urip, sakjane sampun ngerti yen nggolek ojob iku utamakno akhiratipun. Tapi yo jenenge menungso, sek onoooooo ae pikiran nafsu. Masalah selanjute, bagi kulo pribadi, kulo mboten seneng yen dicedeki wong lanang tapi kakehan modusipun. Kulo jauh lebih nyaman gaul kaliyan wong sing sampun kenal sak durunge, sig mboten nggadah maksud-maksud terselubung. Makane pilihan ojob bagi kulo niku sempit nemen. Padahal nggih kathah tiyang jaler ing njobo kono sing potensial. Kulo mawon sing mboten seneng berbagai rupa modus -__- Mestine sih asal tiyang jaler meniko nyedeki kulo tasik teng jalur agomo, mboten macem-macem, saget njogo kehormatan wong wadon, nggih kulo mboten sak patute nyurung-nyurung wong meniko supoyo gak modus-modusin kulo. Tapi yo susah nemen yo. Pengalaman selama iki, nek kulo sampun ngerobo wonten modus biasane kulo ngadoh, ogah. Padahal yo wis gede, wis rong puluh taun >,<

Sampun nggih, kok ngomong niki ngelebar teng ndi-ndi. Mugi-mugi bermanfaat dadi renungan kangge kulo-panjenengan. Baik ngerenungno nikah, ojob, maupun merenung ngartekno boso jowo kulo sing amburadul :D

CIAO!



No comments:

Post a Comment